Khutbah Jumat dengan Tema Maulid Nabi Muhammad SAW dalam Bahasa Jawa

29 Oktober 2020, 09:53 WIB
Foto: Ilustrasi khutbah Jumat /Sumber/Pixabay/

PORTAL PROBOLINGGO - Umat islam tengah memperingati hari kelahiran Nabi besar Muhammad SAW atau biasa disebut sebagai Maulid Nabi.

Sebagai umat islam, sudah selayaknya turut memperingati kelahiran Nabi Muhammad dengan melakukan hal yang positif seperti meningkatkan ibadah dan bershalawat.

Selain itu, untuk selalu mengingat dan mengenang kelahiran kekasih Allah SWT ini, bisa juga dengan menajdikan maulid nabi sebagai tema dalam beberapa kegiatan seperti khutbah jumat.

Baca Juga: Pemilik SIM C Dikabarkan Akan Dapatkan BLT Rp900 Ribu dari Pemerintah, Cek Faktanya Disini!

Baca Juga: Lirik Sholawat Ya Nabi Salam Alaika Lengkap dengan Arab, Latin dan Terjemahan Bahasa Indonesia

Berikut referensi yang dapat dijadikan sebagai khutbah jumat untuk memperingati Maulid Nabi Muhammad SAW dalam Bahasa Jawa sebagaimana dikutip PORTAL PROBOLINGGO dari laman Khutbah Bahasa Jawa.

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا،
وقال تعال: لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا
أَمّا بَعْدُ …

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae maniko, monggo kito ngajak dateng awa’ipun kulo lan panjenegan piyambank-piyambak, kersoho sami netepi iman lan Islam, serto monggo senantiasa ningkataken taqwa.

Baca Juga: Buntut Polemik Kartun Nabi Muhammad, Media Perancis Serang Erdogan

Nggeh meniko, امتثال اوامر الله واجتناب نواهيه على علم وبصيرة, nggeh meniko ndereki sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun ngangge ilmu pengetahuna agami.

Supados kulo lan panjenengan sedoyo sageto pikantuk kawilujengan ing ndunyo ingkang sementara meniko lan khususipun ing akhirat, ingkang merupakan دار القرار, nggeh meniko panggenan ingkang abadi.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Alhamdulillah tahun meniko kito sedoyo tasik saget manggihi wulan Rabii’ul Awwal utawi Maulud.

Baca Juga: 10 Kata-Kata Cinta dan Ucapan Maulid Nabi, Pas Banget Dibagikan di Media Sosial

Wulan Rabii’ul Awwal meniko klebet wulan ingkang nggadahi sejarah besar kangge dunia umumipun, lan kangge kito umat Islam khususipun, Inggih meniko dinten kelahirane Rasulullah Muhammad SAW., ingkang sampun kulo lan panjenengan sedoyo peringati kaleh dinten ingkang kepengker.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kenging nopo kito sedoyo perlu memperingati dinten kelahiranipun Rasulullah Muhammad SAW? Keranten kelahiranipun Rasulullah SAW meniko merupakan rahmat ingkang ageng sanget kangge umat manusia.

Baca Juga: Loker Terbaru Oktober 2020 di Riau: PT Bintan Offshore Marine Buka 2 Posisi, Cek Syaratnya!

Kados dawuihipun Allah SWT ing dalem kitab suci Al Qur’an:

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ (الانبياء: 107)

Ingkang jawinipun: Lan ora ngutus ingsun Allah siro Muhammad, kejobo dadi rahmat kanggo alam semesta.

Ing setunggalipun hadits ugi didawuhaken:

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ , قَالَ : قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : " يَأَيُّهَا النَّاسُ إِنَّمَا أَنَا رَحْمَةٌ مُهْدَاةٌ

Ingkang jawinipun: He..poro menungso, sak temene aku Muhammad iku rahmat ingkang dihadiahno dateng siro kabeh.

Tegesipun, Rasulullah Muhammad SAW lahir kangge nyampe’aken risalah saking Allah SWT. Supadoso kito sageto dados umat ingkang sak sae-saenipun ummat.

Ummat ingkang nggadahi budi pekerti utawi akhlaq ingkang luhur. Keranten diutusipun Rasulullah SAW meniko kangge mbagusi akhlake menungso.

Supados kito saget mbagusi aklhaq kito dateng Allah SWT lan dateng sesami menungso. Dawuhipun Rasulullah SAW:

إنما بعثت لأتمم مكارم الأخلاق (روه احمد)

Ingkang jawinipu: Sak temene ingsun Muhammad diutus kanggo nyempurnakno akhlaq-akhlaq kang mulyo.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Maulid Nabi Muhammad SAW meniko dipunperingati kalian sebagian besar kaum muslimin ten berbagai negara.

Tujuanipun mboten sanes supados kito sedoyo sageto neladhani akhlaqipun Rasulullah SAW.

Acara-acara mauludan meniko, pun didadosaki namung rutinitas, utawi acara seremonial mawon.

Nanging, sebagai momen kangge mengevaluasi diri kito piyambak-piyambak, sejauh pundi kulo lan panjenengan sedoyo nyontoh akhlaqipun Rasulullah SAW.

Keranten ing ndalem diri Rasulullah meniko terdapat akhlaq ingkang agung, lan ugi terdapat uswatun hasanah utawi suri tauladan ingkang sae.

Menawi kulo lan panjenegan sedoyo saget nyontoh, insyaallah kulo lan panjenengan sedoyo saget pikantuk kawilujengan lan syafa’atipun Rasullullah SAW mangke teng dinten qiyamah. Allah SWT dawuh:

وإنك لعلى خلق عظيم (القلم: 4)

Ingkang jawinipun: Lan temen-temen siro Muhammad andueni akhlak kang agung.

وقال ايضا: لقد كان لكم في رسول الله أسوة حسنة لمن كان يرجو الله واليوم الآخر (الاحزاب)

Ingkang jawinipun: Temen wis ono ing ndalem diri Rasulullah iku contong kang apik kanggo siro kabeh, yo iku wong-wing ingkang mengharap (rahmat e) Gusti Allah lan tekane dino Akhir, lan ngakeh-ngakehno nyebut asmane Gusti Allah.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Diantara akhlaqipun Rasulullah SAW nggeh meniko, Rasulullah SAW merupakan pribadi ingkang sanget welas terhadap tiang-tiang faqir, miskin. Lan lare yatim. Rasulullah SAW meniko utawi dermawan. Naliko dipun suwuni, Rasulullah SAW mboten nate nolak.

كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، أَجْوَدَ النَّاسِ……….فَلَرَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، أَجْوَدُ بِالْخَيْرِ مِنْ الرِّيحِ الْمُرْسَلَةِ (روه بخاري)

Ingkang jawinipun: Sak temene Rasulullah SAW iku pribadi kang paling dermawan…..lan sak temene Rasulullah SAW iku pribadi ingkang paling demawan ing atase sekabehane keapian ngluwihi angin kang mlakune gampang.

Sokomeniko, kulo ngajak dateng masyarakat Budug kini khusus e, monggo kito teladani sifat dermawanipun Rasulullah SAW, keranten tasik katah sederek-sederek kito ten Budug niki ingkang hidup di bawah garis kemiskinan, ingkang mboten saget nyukupi kebutuhan pokokipun.

Melalui organisasi sosial kemasyarakatan kados BAZS Saliman utawi secara pribadi, monggo kito bantu sederek-sederek kito ingkang mbutuhaken.

Kangge membantu sesama,mboten usah ngentosi panjenengan dados tiang ingkang sugih keranten Rasulullah SAW meniko tiang ingkang paling sederhana, tetapi sifat kedermawananipun luar biasa.

Ingkang setunggalipun hadits dipun aturaken:

عَنْ أَبِيهِ عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ عَنْ رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهم عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ وَمَا زَادَ اللَّهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلَّا عِزًّا وَمَا تَوَاضَعَ أَحَدٌ لِلَّهِ إِلَّا رَفَعَهُ اللَّهُ

Ingkang jawinipun: Ora bakal berkurang bondo kang disodaqohno, wong kang seneng ngawehi pangapuro moko bakal dimulyakno karo Gusti Allah, lan sapane wong kang rendah hati, Allah bakal ngangkat derajate.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Terakhir kulo ngajak dateng diri kulo piyambak lan panjenengan sedoyo, monggo kito meningkataken rasa cinta marang SWT Allah kelawan ndereki sedoyo perintahipun Rasulullah SAW.

قل إن كنتم تحبون الله فاتبعوني يحببكم الله ويغفر لكم ذنوبكم والله غفور رحيم (ال عمران: 31)

Ingkang Jawinipun: Ucapno "Yen siro kabeh temen-temen cinta marang Allah, elokono aku Muhammad, niscaya Allah yo bakal ngasihi siro dan ngampuni dosa-dosa siro kabeh.Sak temene Gusti Allah Moho Pengampun Lan Moho Penyayang.

Lan monggo kulo lan panjenengan sedoyo, ngatah-ngatahaken maos sholawat maring Kanjeng Nabi Muhammad SAW. kados ingkang dipun perintahaken Allah SWT:

إن الله وملائكته يصلون على النبي يا أيها الذين آمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما

supados kito saget pikantuk syafaatipun Rasulullah SAW, lan diselametaken Allah SWT saking berbagai bala’ lan musibah, mengingat sak meniko, katah sanget musibah ingkang terjadi ten negeri kito Indonesia meniko, mulai saking bencana alam hinggo kecelakaan alat transportasi.

وما كان الله ليعذبهم وأنت فيهم وماكان الله معذبهم وهم يستغفرون (الانفال: 33)

Ingkang artosipun: Lan ora bakal Allah ngewehi azab yen siro Muhammad ono ing tengah-tengahe wong-wong iku, Lan ora bakal Allah ngewehi azab kanggo wong-wong iku yen wong-wong iku gelem moco istighfar.

Mugi-mugi kito sedoyo didadosaken tiang-tiang ingkan cinta marang Allah lan kanjeng Nabi, lan saget meneladani akhlaqipun Rasulullah SAW, lan pikantuk syafaatipun mangke ten dinten qiyamat.

اعوذ بالله من الشيطان الرجيم: لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.
اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا اَنَّ الله يُحِبُّ مَكَارِمَ الْأُمُوْرِ وَ يَكْرَهُ سَفَاسِفَهَا يُحِبُّ مِنْ عِبَادِهِ اَنْ يَّكُوْنُوْا فِى تَكْمِيْلِ اِسْلَامِهِ وَ اِيْمَانِهِ وَ اِنَّهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفَاسِقِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَ سَلَّمْتَ وَ بَارَكْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ الْأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ .

***

Editor: Antis Sholihatul Mardhiyah

Tags

Terkini

Terpopuler