Khutbah Jumat dengan Tema Maulid Nabi Muhammad SAW dalam Bahasa Jawa

- 29 Oktober 2020, 09:53 WIB
Foto: Ilustrasi khutbah Jumat
Foto: Ilustrasi khutbah Jumat /Sumber/Pixabay/

Ingkang jawinipun: Sak temene Rasulullah SAW iku pribadi kang paling dermawan…..lan sak temene Rasulullah SAW iku pribadi ingkang paling demawan ing atase sekabehane keapian ngluwihi angin kang mlakune gampang.

Sokomeniko, kulo ngajak dateng masyarakat Budug kini khusus e, monggo kito teladani sifat dermawanipun Rasulullah SAW, keranten tasik katah sederek-sederek kito ten Budug niki ingkang hidup di bawah garis kemiskinan, ingkang mboten saget nyukupi kebutuhan pokokipun.

Melalui organisasi sosial kemasyarakatan kados BAZS Saliman utawi secara pribadi, monggo kito bantu sederek-sederek kito ingkang mbutuhaken.

Kangge membantu sesama,mboten usah ngentosi panjenengan dados tiang ingkang sugih keranten Rasulullah SAW meniko tiang ingkang paling sederhana, tetapi sifat kedermawananipun luar biasa.

Ingkang setunggalipun hadits dipun aturaken:

عَنْ أَبِيهِ عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ عَنْ رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهم عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ وَمَا زَادَ اللَّهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلَّا عِزًّا وَمَا تَوَاضَعَ أَحَدٌ لِلَّهِ إِلَّا رَفَعَهُ اللَّهُ

Ingkang jawinipun: Ora bakal berkurang bondo kang disodaqohno, wong kang seneng ngawehi pangapuro moko bakal dimulyakno karo Gusti Allah, lan sapane wong kang rendah hati, Allah bakal ngangkat derajate.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Terakhir kulo ngajak dateng diri kulo piyambak lan panjenengan sedoyo, monggo kito meningkataken rasa cinta marang SWT Allah kelawan ndereki sedoyo perintahipun Rasulullah SAW.

قل إن كنتم تحبون الله فاتبعوني يحببكم الله ويغفر لكم ذنوبكم والله غفور رحيم (ال عمران: 31)

Ingkang Jawinipun: Ucapno "Yen siro kabeh temen-temen cinta marang Allah, elokono aku Muhammad, niscaya Allah yo bakal ngasihi siro dan ngampuni dosa-dosa siro kabeh.Sak temene Gusti Allah Moho Pengampun Lan Moho Penyayang.

Halaman:

Editor: Antis Sholihatul Mardhiyah


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini

x