PORTAL PROBOLINGGO - Puisi atau geguritan merupakan salah satu bagian dadi kesusastraan Jawa.
Banyak sekali tema yang bisa dijadikan geguritan, salah satunya tema tentang guru sebagai pahlawan tanpa tanda jasa.
PORTAL PROBOLINGGO mengutip dari berbagai sumber, contoh-contoh geguritan Bahasa Jawa vertemakan pahlawan yang sangat cocok dibawakan saat Hari Guru.
Baca Juga: Keren! PT INKA Mulai Uji Coba Kereta Tram Bertenaga Baterai
Puisi 1
Guru Dalan Uripku
Ora ngira, ora ngipi
Gusti nggawe lakuku saiki
Dadi abdining bumi pertiwi
Nggawe landhep pikiring para siwining negri
Kudu bisa digugu lan ditiru
Digugu pocapanku
Ditiru tumindaku
Supaya ora nggawe nacad jeneng guru
Nadyan kala-kala abang kuping iki
Merga tumindaking siwi
Daktampa kanthi lilaning ati
Aja nganti sepi ing kawruh
Aja pisan-pisan pikire landhep dengkul
Cancut taliwanda
Adus kringet aku lila
Adol swara lan ngelmu kanggo majuning negara
Baca Juga: Khutbah Jumat Tema Hari Pahlawan, Mempertahankan Kemerdekaan dan Meneladani Sikap Pahlawan
Puisi 2
Paling Sabar
Nalika mbiyen aku sekolah, ana guru paling sabar
Yen aku salah ora nesu apa maneh mara tangan
Nanging pitutur apik seng metu agawe aku sadar
Guruku sing paling sabar
Nadyan aku dudu putrane, nanging guruku panggah nresnani
Nadyan aku dudu anake, nanging guruku panggah tlaten
Guruku sing paling sabar
Panjenengan paring wanti-wanti marang aku
Kanggo urip bisa mulya lan mukti
Aku mung bisa nyuwun marang Pangeran
Muga panjenengan terus sehat lan diparingi kesabaran
Muga panjenengan tansah pinaringan kebahagiaan
Baca Juga: Pemkot Bandung Beri Sanksi Denda Sejumlah Uang Pada Panggar Protokol Kesehatan
Puisi 3
Bapa lan Ibu Guru
Dening Sri Rejeki Wahyuningsih
Linambaran ratri
Linambaran cahyaning bagaskara
Dina lumaku, tan rinasa ....
Iki titi wancine
Mesti kudu ikhlas,
Pisah klawan bapa lan Ibu Guruku kang kebak welas
Pisah klawan rencang – rencangku, kang sinebut mbak apa mas
Klawan rayi - rayiku kang tansah dak tresnani
Dak toleh, maewu dina kapungkurBaca Juga: Mantan Pemain Timnas Paraguay Ini Sebut Maradona Tidak Sebanding dengan Lionel Messi
Kudune aku tansah syukur
Awit pepalang lan pedhut sumingkir lan kabur
Awit anane pawiyatan iki
Bapa lan Ibu Guru
Tresnanmu lir toya ing grojogan sewu
Tanpa winates, supaya aku mituhu
Tanpa winates paring piwulang lan ngelmu,
Upami lintang, kang madangi wengi
Upami bagaskara kang madangi bumi
Nanging Bapa utawa Ibu Guru
Apa kang wus dak caoske marang sliramu
Duka asring kaprungu
Anjalari dada mengkap bang mawinga-winga
Nanging aku malah gumujeng lan ngguyu
Apuranen aku, bapa lan Ibu Guru
Awit kalbu kang katutup pedhut kang angel diluru
Awit sakabehing polahku
Awit sakabehing tembungku
Lan... kabeh mau tansah ddi reridu ing kalbu
Bapak lan Ibu Guru Kawula nyuwun donga pangestu
Mugi sakabehing bebendu sumingkir
Mugi sakabehing karep bisa kawujud
Bapa lan Ibu Guru, aku tresno mring sliramu.***