Kumpulan Pidato Hari Pahlawan Bahasa Jawa, Pendek dan Singkat

7 November 2020, 09:20 WIB
Foto: Ilustrasi pidato hari pahlawan /Sumber/Pixabay/

PORTAL PROBOLINGGO - Hari Pahlawan akan segera diperingati, yaitu bertepatan pada 10 November.

Dalam berbagai kesempatan, pidato sangat diperlukan untuk dijadikan sebuah sambutan.

Tentu ketika dalam suasana Hari Pahlawan, pidato untuk sambutan tersebut lebih menarik jika mengenai Hari Pahlawan.

Baca Juga: Jokowi Ingin Tuan Rumah Olimpiade, DPR Singgung Keramahan Penduduk Indonesia

Berikut kumpulan pidato Hari Pahlawan yang dapat digunakan untuk sambutan dengan menggunakan Bahasa Jawa sebagaimana dikutip PORTAL PROBOLINGGO dari berbagai sumber.

Teks Pidato 1

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Ingkang kula hormati Bapak Ibu SDN 2 Bodag
Ingkang kula hormati staf TU
Lan Ingkang kula hormati para Bapak/Ibu undangan

Para rawuh ingkang kulo hormati
Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 (sedoso) November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan.

Baca Juga: Ole Gunnar Solskjaer: Menjadi Manajer Manchester United Harus Memiliki Mental Kuat

Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah ngengingi peristiwa menika.

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah Surabaya.

Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring semangat.

Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge mbela bangsa lan negari.

Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah bawaw ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging samodra pengaksami.

Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Amin.

Mekaten ingkang saged kula aturaken wonten ing sesorah babagan dinten pahlawan menika. Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani panggalih panjenengan sedaya, kthah atur saha kirang trapsilanipun kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Baca Juga: Jadwal Acara GTV Hari Ini 7 November 2020, Despicable Me akan Tayang Sore Ini

Teks Pidato 2

Assalamualaikum Wr.Wb.

Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan. Bapak/Ibu Dwija saha staf tata usaha ingkang kula kurmati kaliyan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Puja-puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat saha hidayahipun dene kula lan panjenengan sami saged makempal wonten ing papan menika kanthi rahayu nir ing sambekala.

Kula M.Rifqi Setiawan minangka sesulih saking siswa kelas IX SMP 2 JEKULO badhe ngandharaken sesorah babagan dinten pahlawan.

Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa angrawuhi adicara ing enjang puniki.

Para rawuh sedaya, sampun kula lan panjenengan mangertosi bilih dinten pahlawan punika ing tanggal 10 November.

Dinten pahlawan kedah kula lan panjengan pangeti. Dinten pahlawan menika dipun pangeti minangka mengeti perjuanganipun para pahlawan.

Para pahlawan sampun ngangkat drajatipun bangsa Indonesia ngantos saged mardhika saking para penjajah saengga kula lan panjenengan saged gesang kanthi tentrem lan ayem.

Pramila, mangga kula lan panjenengan sedaya engat lan mangertosi prastawa lan kedadosa zaman punika. Inggeh menika ageng sanget kepahlawanan bangsa Indonesia. Ugi kathah ingkang seda nalika mbela bangsa Indonesia.

Sedaya puniku dipun lampahi keranten raos remen lan tresnanipun dhumateng negari Indonesia. Semangat para pahlawan ingkang ageng sanget saestu patut kula lan panjenengan sedaya teladani.

Kula lan panjenengan ugi kedah bersyukur dhateng Allah SWT awit saking kamurahanipun, bangsa Indonesia dados nagari ingkang mardhika kados wekdal samenika.

Para rawuh ingkang bagya mulya, mugi-mugi nagari Indonesia menika salajeng dipun paring kamerdekaan ugi kamanunggalan dumugi akhir zaman.

Mekaten ingkang saged kula aturaken wonten ing sesorah babagan dinten pahlawan menika. Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani panggalih panjenengan sedaya, kthah atur saha kirang trapsilanipun kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Baca Juga: Fadli Sentil Pemerintah Soal Kasus Rizieq Shihab, Mahfud MD: Bagaimana Kalau Mau Bantu tapi Ditolak?

Teks Pidato 3

Oleh: Lili Pratiwi

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kula urmati kepala sekolah SMPN 6 Pemalang
Ibu utawi Bapak Guru ingkang kula bakteni
Rencang-rencang lan adik-adik kelas ingkang kula tresnani

Puji syukur marang gusti Allah SWT, kanthi pengarep-arep muga-muga samubarang sing wus kerancang lumaku kanthi lancar saengga kula lan panjenengan saged makempal ing papan panggenan, menika ing kalondhangan niki kula badhe nyandharaken sesorah ngengingi “Dinten Pahlawan”.

Menawi kita emut dhateng perjuangan para pahlawan tahun 1945, semangat kang sampun di wekdalake kangge kamar dikan, ingkan sampun berjuang mbebasaken Indonesia saking penjajah, mujudake kaseng sara sampun dados kemakmuran, sumangga kita ndongakaken kangge jasa-jasane kang sampun perjuangaken kamardikan kita kudu semangat sesarengan mbangun Indonesia sejahtera Insya Allah gegayuhan Bangsa Indonesia mujudaken kawontenan masyarakat ingkang adil lan makmur.

Cekap semanten atur kula matur nuwun sampun ngelancaraken acara niki menawi wonten lepating atur kula nyuwun pangapunten sing kathah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.***

Editor: Antis Sholihatul Mardhiyah

Tags

Terkini

Terpopuler