Kumpulan Pidato Hari Pahlawan Bahasa Jawa, Pendek dan Singkat

- 7 November 2020, 09:20 WIB
Foto: Ilustrasi pidato hari pahlawan
Foto: Ilustrasi pidato hari pahlawan /Sumber/Pixabay/

Dinten pahlawan kedah kula lan panjengan pangeti. Dinten pahlawan menika dipun pangeti minangka mengeti perjuanganipun para pahlawan.

Para pahlawan sampun ngangkat drajatipun bangsa Indonesia ngantos saged mardhika saking para penjajah saengga kula lan panjenengan saged gesang kanthi tentrem lan ayem.

Pramila, mangga kula lan panjenengan sedaya engat lan mangertosi prastawa lan kedadosa zaman punika. Inggeh menika ageng sanget kepahlawanan bangsa Indonesia. Ugi kathah ingkang seda nalika mbela bangsa Indonesia.

Sedaya puniku dipun lampahi keranten raos remen lan tresnanipun dhumateng negari Indonesia. Semangat para pahlawan ingkang ageng sanget saestu patut kula lan panjenengan sedaya teladani.

Kula lan panjenengan ugi kedah bersyukur dhateng Allah SWT awit saking kamurahanipun, bangsa Indonesia dados nagari ingkang mardhika kados wekdal samenika.

Para rawuh ingkang bagya mulya, mugi-mugi nagari Indonesia menika salajeng dipun paring kamerdekaan ugi kamanunggalan dumugi akhir zaman.

Mekaten ingkang saged kula aturaken wonten ing sesorah babagan dinten pahlawan menika. Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani panggalih panjenengan sedaya, kthah atur saha kirang trapsilanipun kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Baca Juga: Fadli Sentil Pemerintah Soal Kasus Rizieq Shihab, Mahfud MD: Bagaimana Kalau Mau Bantu tapi Ditolak?

Teks Pidato 3

Halaman:

Editor: Antis Sholihatul Mardhiyah


Tags

Artikel Rekomendasi

Terkait

Terkini